Lagu Tegal - Man Droup Tukang Becak
Sing nembang : Najeeb B
Tembangan sing pan padha :
Mera Jootha hai Japani (Shree 420:1955)
Ngimpi (Tri Widarti)
Karena Gengsi (Elvi S.)
Kuntilanak (Benyamin S.)
Ngileng nang Youtube
Man Droup tukang becak
Becake sering rusak
Dasar lucu uwonge
Sabar laka jengkele
Ari olih muatan
Bocah wadon dhewekan
Nggenjote alon-alon
Karo diejak guyon
Man Droup seneng goyun
Ning panjatan man Droup theol
Megap-megap napase
Sing nunggang mung gemuyu bae
Ora suwe lagi digenjot
Pedhal sing tengen copot
Man Droup gagiyan mencolot
Durung anjog ning pasar
Sing nunggang ora sabar
Mudhun ning tengah dalan
Ora ndein bayaran
Man Droupe gemboran
omong-omongan
Sing nunggang:
Wah..nunggang becak kaya kiye bae tah
setaun ora anjog-anjog oo...
Mudhun Wis... enyong mlaku bae !!
Man Droup:
ee.. kepriben kiye urusane kiye, bayar o..!!
Sing nunggang:
dingkon ngenteni sampe mambu?
Man Droup:
Wah...Apes kiye tah
Toli pedhale ana copot ana apa..
aaa...kayong sial !!!
 
     
 
 
 
