Lagu Tegal - Alun-Alun Slawi


                                                    Ngileng nang Youtube

Sing nembang : Imam Joend


Wayah sore Alun-alun Slawi
Rame uwong nganti tengah wengi
Apa maning malem minggu luwih-luwih
Nyambung esuk wong sing lari pagi

Wong dodolan ning kana rentengan
Kopi jahe, moci lan pirang-pirang panganan
Nyediani sing lagi asyik demenan
Sing jagongan sing padha lek-lekan

Angger puyeng sumpeg blih mari-mari
Teka bae ning alun-alun Slawi
Muga-muga bisa nggo nambani

Angger gela pacar nglarani ati
Teka bae ning alun-alun Slawi
Sapa ngerti langsung olih ganti

Wayah sore Alun-alun Slawi
Rame uwong nganti tengah wangi
Apa maning malem minggu luwih-luwih
Nyambung esuk wong sing lari pagi

Angger nyawang alun-alun Slawi
Rame nemen tapi tetep asyik
Kabupaten Tegal ning kene kebukti
Pancen mbetai lan pancen ngangeni

Angger puyeng sumpeg blih mari-mari
Teka bae ning alun-alun Slawi
Muga-muga bisa nggo nambani

Angger gela pacar nglarani ati
Teka bae ning alun-alun Slawi
Sapa ngerti langsung olih ganti

✨ Tentang Penulis ✨

Setiap artikel lahir dari pengalaman dan kecintaan pada budaya tanah kelahiran.
Siapakah sosok di balik artikel-artikel ini? Temukan jawabannya...

Postingan Populer

Lagu Tegal - Nglindur

Kosa Kata Tegal (Huruf D)

Lagu Tegal -Teh Poci Gula Batu

Kosa Kata Tegal (Huruf A)

Artikel Budaya - Gemblong Tegal, Tak Seperti yang Kamu Kira

Rujak Teplak : Pecel Unik Dari Tegal

Babad Lebaksiu: Dari Lebak Ciut ke Tanah yang Menghidupi

Lagu Tegal - Menek Pucang

Kisah Sejarah Tegal

Artikel Budaya - Hitungan Tegal 1–100