Lagu Tegal - KASRI Kembang Desa Dukuhturi
Sing nembang : Imam Joend
Ngileng nang Youtube
Cintane nyong maring Kasri
Kembang desa Dukuhturi
Apa bae enyong gelem nglakoni
Demi Kasri langka sing tak wedeni
Senen Kemis tak puasani
Malem Minggu tak apeli
Numpak motor awak mambu wangi
Demi Kasri nyong cinta niba tangi
Nyong cinta niba tangi
Kasri ora ngladheni
Nyong cinta niba tangi
Kasri ora ngladheni
Ngomong dhewek
Kasri, Kasri !!!
Koen donge pan nggolet sing kaya apa ndeles?
Nyong pancen durung kerja Kasri !
Tesih nganggur
Tapi bapane nyong kan wong sugih
Dunyane ngambrah-ngambrah
Dadi koen aja kuatir Kasri !
Adhong bapane nyong game.....
Warisane akeeeeeeh nemen
Wis gelem bae lah !!!!
Tuku es nang Selawi
Tak es em es ora mbalesi
Tuku dodol, dodol Slawi
Tak miskol hapene mati
Alas jati Margasari
Tak apeli ora nemoni
Maring Guci liwat Yomani
Bapane metu nyong diganyami
Senen Kemis tak puasani
Malem Minggu tak apeli
Numpak motor awak mambu wangi
Demi Kasri nyong cinta niba tangi
Nyong cinta niba tangi
Kasri ora ngladheni
Nyong cinta niba tangi
Kasri ora ngladheni
Ngomong dhewek
Kasri !!!
Koen aja kadiran ayu moblong-moblong
Pan njaluk apa ndelen eben gelem garo nyong
gelang ? kalung rante ? angkot ? umah prumnas ?
Apa pan njaluk ruko ?
Tak tukokna !!
Tapi mengko
Angger warisane nyong cair...
Ya......!!
Tuku es nang Selawi
Tak es em es ora mbalesi
Tuku dodol, dodol Slawi
Tak miskol hapene mati
Alas jati Margasari
Tak apeli ora nemoni
Maring Guci liwat Yomani
Bapane metu nyong diganyami
Cintane nyong maring Kasri
Kembang desa Dukuhturi
Apa bae enyong gelem nglakoni
Demi Kasri langka sing tak wedeni
Jare enyong:
Mbokan pengin ketemu Kasri, gyeh tak tunduna
Awit sing terminal ngulon setitik maning
Terus ning pertelon Sumur Panggang ngidul
Ngidul terus sampe ketemu desa Dukuhturi.
Nah...nang kana kuwe umahe Kasri,

 
     
 
 
 
