Lagu Tegal -Tahu Plethok Slawi
Sing nembang : Najeeb B
Tembangan sing pan padha :
Hello Jelita (Ida Laila & Mus Mulyadi)
Tahu digoreng diplethok
Dipangan panas gemropok
Gurihe anjog nang githok
Sing gedhe acine ethok
Tahu Slawi sing terkenal
Tahu plethok Slawi asli
Terkenale uwis lawas
Mulai jaman Van Deer Plas
Sampai saiki wis jelas
Tahu plethok tahu Slawi
Terkenal anjog Betawi
Mukur siji kuwe miki
Tahune ketutup aci
Tahu digoreng diplethok
Dipangan panas gemropok
Gurihe anjog nang githok
Sing gedhe acine ethok
Tahu Slawi sing terkenal


 
     
 
 
 
